Selasa, 15 Maret 2011

Praja Mangkunagaran

Praja Mangkunagaran iku sawijining karajan ing Jawa Tengah sing isih madheg nganti sepréné. Karo Kasunanan Surakarta, Kasultanan Ngayogyakarta, lan Pakualaman, Praja Mangkunagaran iku ahli warisé Karajan Mataram sing tau maréntah sebagéyan gedhé  tanah Jawa
Praja Mangkunegaran diadegaké sawisé Prajanjiyan Salatiga ing  17 Maret 1757 déning Raden Mas Said sing sadurungé balané ing pambalélan karo pamané Pangéran Mangkubumi sing banjur dadi Sultan Hamengkubuwana I.  Praja Mangkunegaran lestari nganti jaman pendudukan Jepang lan Indonesia mardika sawisé taun 1945. Sawisé taun 1945 banjur tanah wewengkoné, yaiku Karanganyar, Wanagiri disita ing pamaréntah Indonesia lan digabung karo Jawa Tengah.. Banjur tanah Mangkunegara ing Surakarta, digabung karo tanah Kasunanan lan dadi Kutha Surakarta. Banjur tanahé sing arupa enklave ing Gunung Kidul, Ngawèn disrahaké marang Daerah Istimewa Yogyakarta.
Wiwit taun 1990.  Praja Mangkunagaran dipimpin déning  KGPAA Mangkunagara IX utawa uga ditepungi mawa asma Gusti Jiwa.
Garwa presiden Indonesia kapindho Soeharto: Bu Tien utawa asma jangkepéR.A. Siti Hartinah iku kerabat Mangkunagaran.

Sejarah dumadiné Praja Mangkunagaran

Praja Mangkunegaran didegaké ing tengahé abad kaping 18 lan persisé ing 17 Maret 1757 déning Raden Mas Said utawa Pangéran Sambernyawa sing banjur olèh gelar KGPAA Mangkunegara I. Tanah wewengkoné dijupuk saka tanahé Kasunanan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar