Senin, 08 April 2013

Serat Wahana Brata

Wahana Brata
Punika Serat Papenget  Lelampahanipun
Lare Nami Bisman
Amarengi Nalika Jaman Karaton Jawi ing Kartasura
Menggah ingkang Dados Bubukaning Cariyos ing Andap Punika
(ing Suwalik) 
 
 
Wiyosipun lare nami bisman punika kaleres anak katilaranipun kiyai singawuda kaum ing dhusun puthuk tanah nglaroh sarta bisman taksih gadhah sadherek sepuh nami kusman satilaripun kyai singawuda pun kusman ingkang agentosi dados kaum ing dhusun puthuk nami kyai nurbatin.
 
Pun bisman sawek umur 13 taun ananging sanget prihatosipun ing sadinten-dinten ingkang dipun tedha amung sawernining krowodan (uwi, gembili, pohung, kenthang, katela) miwah panedhanipun bilih pinuju bedhug siyang saben sampun seraping surya nunten kesah mlampah-mlampah wonten sapinggiring dhusun puthuk manawi sampun wancining sirep tiyang lajeng manthuk tilem taritising griya kinten satengah taun lamenipun bisman anggening gadhah tanduk makaten wau nyai singawuda sawek sumerep saha langkung kuwatos lajeng pitakon ger bisman apa sababe saben wis wancining surup srengenge amesthi kowe lunga dene lungamu menyang ngendi amarga : O engger : sarehning sira lan kakamuwus padha lola dadi kuwatir banget marang solahmu bok menawa lungamu iku mung bakal mara pagawe kang nora becik sarta elinga ger : yen aku iki wis tuwa dadi ronda : mongka susulihe wong tuwamu kang wus tinggal donya mula waleha satemene anakku bakal abenerake marang tekatmu ka ora prayoga, wangsulanipun Bisman sarwi arawat luh, dhuh embok mugi sampun seling panampi boten pisan – pisan manawi kula adamel solah tingkah ingkang mursal tuwin kula sampun lola tinilar ing tiyang sepuh wondene bab kesah kawula saben saraping surya dumugi byar rainten punika amung tansah kaengetan wedal badhe tilaring pun bapa kirang pitung dinten kula dipun cariyosi makateng : anakku ger Bisman satemene tabet asihku marang kowe mulane sumurupa iki laraku kaya-kaya wus ora suwe tumuli mati amung bae ger : sareh sing kowe lan kakangmu wus dak wulang sastra arab dadi aku samongsa – mongsa tinekaake pati wus ora kabinan inggonku dadi wong tuwa awit aku ora bisa ninggali apa-apa lan pamujiku mangkene : sira dak dongakake luhur darajadmu, kena diayomi para sanak sadulurmu kang padha kamlaratan lan satemene gonku cikal bakal (bebadra agawe papan padesan) ana ing desa puthuk iki mung kenaa dianggo para sanak saulurmu sareng sampun cariyos makaten bun-bunan kula dipuncuri toya lantingan sasampunipun lajeng marebes mili kaliyan tansah amandeng kemawon dhumateng kula sanalika karaos sumedhot manah kula tumut marebes mili kararonta dumugi sapriki punika nyai singawuda amangsuli wicanten : dhuh engger yen mangkono kaleru ing panyanaku ora liwat aku mung anjurungake mamuji sukur ing Allah muga-muga tekadmu bisa anuhoni tuture wong ngatuwa amung bae aku duwe pamenggak marang kowe engger :sarehnning kowe durung diwasa ila-ila ujare wong kuna : bocah kang durung diwasa abangetake brata iku arang kang kawawa mulane saka kathah – kathah pamenggakipun nyai singawuda dhateng pun Bisman.
 
            Kacariyos pun Bisman datan angengeti pamenggaking embokipun anjujur kalantur pikajengipun ing siyang pan tareng dalu tan pegata tapa brata kados kang sampun kawuwus ngantos tigang taun laminipun (pramandhenging cipta maya : pinardi sangkaning dadi : tinaberi pujanira : nihen wedharing kawasa) anuju satunggaling dinten anggening mlampah-mlampah pun Bisman ing wanci dalu dumugi ing sirep janma wonten sapinggiring lepen kalangkung karaos sanget aribipun terus katilemaken wonten sapinggiring lepen ing ngriku supena dipun sumerepi kados maujub badanipun piyambak sarwi nyuwanten sora : Bisman : Bisman tangiya aja lembon burumu wis enggal muliya bapakmu paman kaaran Kyai Kasan Nur Kadim ing desa matah duwe anak wadon iku rabinen bakal dadi lantaraning kanugrahanmu, janggirat tangi saking tilem pun Bisman sanget ngungunipun sarta ing githokipun karaos marinding sami sanalika mantuk dumugi ing griya awek wanci sawung kaluruk (jam 3 dalu) embok dalah sadherekipun taksih tilem pun Bisman lajeng linggih ing latar menggah ciptaning manah amung kumedah rabi anetepi ujaring supene : sarwi dhelog delog saking salebeting pangungunipun dene teka supena ingkang kados makaten sareng ing wanci byar enjing Nyai Singawuda tangi tilem sumerep pun Bisman anjetung semu sisah. Badanipun kalangkung agagangaking (raga kera) rinangkul sarwi anjerit. Ana apa ngger dak sawang banget susah ing pamikirmu, dhuh anakku ngger Bisman uwis maranana ya ngger nggonmu sok lunga bengi kaya kang uwis. Narimaa yen kowe iku turune wong cilik. Ya mung gayuh asa pantesmu bae, aja kok turuti tuture wong tuwamu kang wus tinggal donya marga iku dudu gayuhane wong cilik lan aja susah nggonmu tininggaling wong tuwa mung angelingana aku kathah – kathah patrepa miwah pangalih – alihipun Nyi Singawuda, kadalih manawi anakipun badhe kadadosake ing saking ewah pun Bisman amangsuli wicanten kaliyan marebes mili. Embok kula sak mangke sampun mantuk kelampah kados ingkang sampun ananging keparenga kula gadhah anak estri punika kenginga kapendhet semah Nyai Singawuda amangsuli : Bisman karana saka apa sira anduweni tutur mangkono: pun Bisman kikip boten amalehaken wasitaning supena temah amung manah tudung boten kenging winangsulan boten antawis dangu kalampahan pun Bisman lajeng karabekaken anak ing estri Kyai Kasan Nur Kadim ing dhusun mathah wae kanamekaken Kasan Nur Iman.
 
Kacariyos Kasan Nur Iman wau dupi dhaup kalampahan dawek tigang wulan Kyai Nur Kadim Sakit Sanget lajeng mangsit dateng mantunipun pun Kasan Nur Iman wau sarwi rinangkul lungayanipun : ngger anakku mantu : aku aweh wangsit kang satuhune mungguh laraku ki wus ora kena ditambani apa – apa marga kanggo jalaran papesthene samene uripku mung estokna pituturku angger yen aku wus tinekakake pati sawise jisimku wus binersiyan ing kono kowe anyedhakana aku, kupngmu tempelna kupingku, rungokna wasadhakna telung bab : siji osik, loro wisik, telu bisik. Mungguh wijang – wijangane telung bab mau : siji kang aran osik iku solah bawane sikil tangan planangan oncating darajadku ana solah bawa nanging sikil tangan mung kanggo sarana mungguh tuke ana planangan mula yen katon tangi banjur susupen : kang ing aran wisik : tegese ing sajroning talingaku ana swara apa tilingna kang sanyata : dene kang ing aran bisik mungguh tegese cangkemku ngucap apa tampanana kang pratitis : ananging telung bab iku mung salah sawiji mula sira mesthi tentune kang kedalanan. Mungguh artine iya iku wetune darajad ing nggonku sasilih (tapa brata) salawas-lawase amung pinunggel samene uripku kowe angger kang pinasthi nampani apa maneh welingku marang kowe : ing saungkurku aku mung titip bojomu aja kok siya-siya. Sasampunipun mangsit Kyai Kasan Nur Kadim lajeng tilar donya jisimipun lajeng dipundusi sabibaring dipundusi kalurupan : tumunten kaselehaken sangajenging krobongan pun Nur Iman maspadakaken.
 
Kacariyos boten antawis dangu kalampahan plananganing jisim katingal ebah lajeng kenceng anjejer ing ngriku datan saronta : pun Nur Iman lajeng ambiyak luruping jisim boten taha-taha plananganing jisim lajeng kacucup sawatawis dangunipun planangan dipun lepeh lajeng ngandeluk wangsul kados jisim malih amung sakathahing para tiyang ingkang tumut anenggani sami ngungun (gumun) dene teka wonten lelampah ingkang kados makaten pun jisim lajeng rinuktenan punapa sacarining padhusunan, terus pinetak ing kubur matah. Dene ingkang nggentosi dados kaum inggih mantunipun Nur Iman wau sarta lestantu nami Kyai Kasan Nur Iman.
 
Kawuningan : satilaripun Kyai Kasan Nur Kadim antawis tigang wulan dangunipun ing ngriku bojonipun Kyai Kasan Nur Iman (Mbok Kasan Nur Iman) lajeng wawrat (meteng) ananging Kyai Kasan Nur Iman datan pegat prihatosing manah, telur andumugekaken kasutapaning antawis sawelas wulan dangunipun Mbok Kasan Nur Iman anggenipun wawrat sampun dumugining wanci marengi ing dinten malem anggara kasih (slasa kliwon) lair ingkang jabang bayi estri wilujeng kanamekaken Rubiyah.
 
Kacariyos pun rubiyah sareng sampun umur 8 taun, wancining jebeng tapih (wanci tapihan) sanget lulutipun dhateng bapa rinten kalawan dalu boten ajeg ing kasubratanipun, awit saking dipun luluti anakipun. Anuju satunggaling dinten malam anggara kasih pun rubyah tilem sacelaking bapakipun sareng wanci jam 3 dalu sirahipun rubiyah katingal murup kados dene kobong : Kyai kasan Nur Iman pinuju nglilir sumerep sirahing anak katingal kobong kalangkung kaget sami saknalika sirahing anak ingkang katingal murub wau lajeng dipun uyek-uyek.
 
Boten antawis dangu urub ingkang kados latu wau sirna tanpa karana Kyai Kasan Nur Iman langkung gawoking manah sarwi angudo raos apa baya iki ngalamat lelakon apa : lan bakal nemoni lelakon apa, dene anakku si Rubiyah katon kobong sirahe nanging kok nudusa lugune geni, awit dak uyek-uyek tanganku ora karasa apa-apa temah anggening murub sirna tanpa karana. Ing ngriku Kyai Kasan Nur Iman lajeng boten saged tilem malih awit tansah agagas kaelokaning anakipun dene pun rubiyah ugi tumut ngalilir margi saking kauyek-uyek sirahipun ananging pun rubiyah boten watawis dangu lajeng tilem malih antawis saperapat jam dangunipun agening tilem malih pun rubiyah padonanipun katingal murub kados urubing dilah, ing ngriku kyai Kasan Nur Iman kalangkung kaget malih temah kauyek-uyek tapih leresing padonanipun rubiyah dangu panguyekipun urub lajeng sirna tanpa karana rubiyah ngalilir sarwi dhelog-delog antawis sakedhap lajeng tilem malih amung Kyai Kasan Nur Iman ingkang tansah anjetung tambuh – tambuh ngudaraos ing manah saking anakipun anemahi kaelokaning kakados makaten punapa malih Kyai Kasan Nur Iman wewah langkung kasutapanipun kejawi anggening nedha amung sawarnining krowodan manawi dalu tilemipun namung sakedhap den ten un rubiyah anggening gadhah kaelokan ingkang kados makaten wau amung manawi nuju malem dinten anggara kasih (salasa kliwon) mila manawi pinuju malem dinten anggara kasih kyai Kasan Nur Iman sadalu muput datan tilem amung maspadaaken  kaelokaning anakipun rubiyah wau kalayan anjegreg lenggah angulon – ulonipun rubiyah (nginggiling patileman).
 
            Kacariyos kaelokanipun rubiyah sareng sampun satengah taun (6) wulan dangunipun dados umur : 14 : taun (nidhinging diwasa) dhumawah era-eru inggih punika nyarengi pangramanipun Raden Mas Surya Kusuma (Mangkunagara sapisan) duk angramaning tanah nglaroh mondoking dhusun mantenan anuju malem dinten anggara kasih, kanjeng Pangeran arya Mangkunagara, karta ringgitan wacucal, amung kinarya anyenyamur galih timbalan para kaum dhusun Kyai Kasan Nur Iman sowan pun Rubiyah boten purun kantun kalampahan gedambyenging prayoga ambarungsinang : ewah ing laetul kadari : kaatinen pun Rubiyah murub padonanipun. Kawuningan ing kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara temahana pun Rubiyah kapundhut dados ampeyan pinaringan nami raden Ayu Patah Ati : kados ingkang sampun kasebut cariyos kula pratama.
 
            Sangking kaparenging karsa dalem Kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara Kyai Kasan Nur Iman badhe kadadosaken punggawa mopo (boten purun) anglampahi lajeng pinaringan lenggah siti wawengkoning dhusun matah kathahipun : 1 : jung minangka tedhasa dumuginipun pejah ewadene Kyai Kasan Nur Iman sanadyan sampun angsal kanugrahan meksa dereng pegat ing kasutapaniun saya anggentur anggenipun mrihatosaken ingkang putra Raden Ayu Patah Ati amargi taksih kalunta-lunta dherekaken Kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara pangramanipun sapurug – puruging panggenan mila Kyai Kasan Nur Iman rumaos dereng tentrem manahipun.
 
Amarengi sabedhahipun karaton ing Kartasura ngalih dhateng Sala inggih ingkang nami Karaton ing Surakarta, Kyai Kasan Nur Iman andungkap dumugining pralaya, lajeng gupuh kengkenan angupadosi Kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara pinanggih wonten ing wanakeling kaprenah kidul wetanipun ardi bangun. Wonten ing ngriku Kangjeng Pangeran Arya Mangkunagara dawek pinuju pitekur (semadi) sareng nami kengkenanipun Kyai Kasan Nur Iman Kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara kaaturan kondur ugi amituruti dumugi dhusun matah. Kyai Kasan Nur Iman umatur : dhuh gusti mugi sampun andadosaken deduka dalem sewu-sewu ing kalepatan kawula mugi kaparenga kawula angunjukaken atur sampun ngantos kawedhar paring abdi dalem ing welar punika pun paman badhe atilar jaman kawekasan (tilar donya) amung abdi dalem kawula nyuwun melih benjing manawi pun paman sampun kakubur telas wilujengipun satus dinten panduka dalem kawula aturi dhudhuki pendheman kubur kawula punapa kawontenanipun salebeting pedhem 
 
sanadyan badan kawula kantuna bebalung boten ketang samrica agengipun kawula aturi, mundhut ananging angemungna paduka dalem kemawon sanadyan ambetaa abdi kedhawuhan kandek sajawining kuburan. Tuwin pandhudhukipun sasaged-saged tetangguha wancining sirep janma (jam 12 dalu). Pangendikanipun Kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara : Eh, paman mungguh wekasmu iku aku arep bakal mahanani apa lan kepriye dino atur wangsulaniun Kyai Kasan Nur Iman nuwun Gusti : mugi sampun andadosaken celaning panggalih  dalem pun paman boten saged amunjung akatur sak punika among saged ngunjukaken tembung makaten (mundhak agagar : yen kawedhar kalayan pangucap) ambok bilih kapareng dening kang maha kawasa semedinipun paman saestunipun ing benjang temtu wonten mahananipun ing salebeting kuburan pendeman kawula saka angalem kawula nyuwun melih bilih pun paman sampun dumugining pejah boten langkung abdi dalem kawula atur nyuwun titip abdi dalem ampeyan. Anak kawula Raden Ayu Patah Ati sanadyan among dados padang miwah tukang patebah : sok angger awetyang nyethi ing ngarsa dalem. Pangandikanipun Kanjeng Pangeran arya Mangkunagara wre iya paman away sira as kuwatir anakmu si Patah Ati among bae aku tutur, bab pamangsitmu mau sarehning aku ing wektu iki bakal anutukake karep sabanjure, ribet babarisan mula besuk manawa si paman tinekake janji (tilar donya) bae. Amelinga sapa sing kok wekas supaya aweh weruh ing ngendi panggenaku : Kyai Kasan Nur Iman ngandikani ing ngriku kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara lajeng wangsul tindak ingwan ingkang nami : nakeling : amargi Raden Ayu Patah Ati dalah para punggawa taksih katilar wonten ing ngriku.
 
Boten antawis satengah taun (nem wulan) Kyai Kasan Nur Iman tilar donya jisim lajeng pinetak ing kubur matah kasandingaken kaliyan kubur pandhemanipun Kyai Kasan Nur Kadim (marasemuhiun Kasan Nur Iman) sarta boten wonten kaelokanipun punapa-punapa kajawi nalika kalajengaken tilar donya kira tigang dinten Kyai Kasan Nur Iman lamung mitungkas wekas-wekasing gunem dhateng bojonipun bilih dumugining wilujengan satus dinten sageda angunjuki wuninga Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara. Sareng dumugi wilujengan satus dintenipun Kyai Kasan Nur Iman. Bok  Kasan Nur Iman lajeng kengkenan angupadosi Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Arya  Mangkunagara pinanggih ing tanah Sukawati dawek nembe kemawon mentas mandhap saking ardi bangun dupi kaaturan uninga lajeng gita tumengdhak. Ingkang anderek amung Kyai Ngabei Rongga Panambangan dikakaken angentosi sajawining erep kuburan Kanjeng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara beta pacul piyambak lajeng andhudhuk pendhemanipun Kyai Kasan Nur Iman sareng sampun kadhudhuk dumugi kang lebet dipun osak-asik sampun boten wonten punapa-punapa Kanjeng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kalangkung sayah sarira malesulapa (cape) kendel sapinggiring dhudhukan sarwi angudhar marenggalih makaten. E, e, apa cidra tuture Kasan Nur Iman ing nguni kaliwat banget sayahku teka ora ana apa-apa, mongka ing ngatase wong cilik duwetu, tur mangkana medhane sabata: dupi telasing ngudatwara sami sanalika wonten gebyaring kilat ing rang mawantu-wantu saking salebeting dhudhukan binarung prahara ageng, kekanjengan nyuwanten pating jarethut. Adamel milisipun Kanjeng Pangeran ing ngriku sasirnaning kilat, kawistara manther kados urubing dilah : ijem wening tan siwah kadi kartika wonten tengah leresing dhudhukan tanggap Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara amariksa ngujuting urup wau : katingal wujuding planangan, malanang jeng Pangeran dangu angudaraos semu kagawokkan : apa baya : iki wahanane  mungguh tuture Kasan Nur Iman. Datan saronta planangan : ingkang katingan murub wau badhe kaasta dening Kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara, sami sakala musna tanpa karana, mawa gara-gara jumegur ing ngawiyati, sasirnaning planangan, kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara. Jajanipun karaos kadhodhog kantep. Wawah sumaput wonten salebeting dhudhukan enget rayam-rayam. Kapiyarsa suwantenmu meling : makaten,
 
”Eh, Pangeran adipati Arya Mangkunagara, aja tambuh pikirmu, planangan wus rumasuk marang sira, bakal mahananing anake Nur Iman kang sira ala dadi kanthi nira amukti wibawa ing saturun-turunira, wujuding Nur Iman wus mahanani pusakamu Kyai Tambur : olehmu saka gunung bangun kang jinurung sedyamu, tumuli tangiya ing nganti wadya balamu.”
 
Satelas ing wangsit kang kapiyarsa : Kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara : pungun-pungun wungus kang kantaka : sampun wanci bangun enjing (jam 4 enjing) lajeng amurugi Kyai Ngabei Rongga Panambangan sarwi andangu, Kyai Ngabehi kowe mau weruh rerupan apa, aturipun Kyai Ngabei Rongga Panambangan : Nuwun Gusti, boten wonten katingal punapa – punapa : kajawi adalem kawula amung mireng gumeleger ing wiyati.
 
Dadosta telu : waita kang kapiyarsa : tuwin wahananing gara – gara : amung dumunung wonten pangraos saha kawuninganing Kanjeng Pangeran Arya Mangkunagara piyambak.
 
Dhawah pangandika dalem dateng Kyai Ngabehi Rongga Panambangan eh, poma kyai : sira aja wara-wara muguh solahku iki angemungna sira dhewe kang sumurup. Eampungi pangandika : lajeng dhawuh : luwangana kapurih mangsulaken uruganipun Kanjeng Pangeran tuwin Kyai Roga boten kampir ing dhusun matah : terus wangsul kundur dateng ing Sukawati.
 
Telas cariyos lelampahan Bisman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar